Followers

Friday, March 15, 2013

Crita cekak


Kepompong


Wulan ramadhan wis teka. Iki wayah wulan pasa. Kabeh wong Islam saindenging donya lagi pada pasa. Shira uga pasa dina iki.
  
“Ibu, punapa kula pareng mimik?” pitakon Shira.
“ Ora pareng nduk, eling ya kowe lak lagi pasa?”
“Nanging kula ngelak bu. Kula pengen mimik…”

“ Sabar ya nduk! Mengko nembe pareng maem lan mimik nek wis jam rolas.”
“ Sakniki jam pinten bu?”
“Jam sewelas.”
  
“Setunggal jam niku dangu kok bu. Kula sampun ngelak sanget sakniki. Kula janji mboten badhe maem napa-napa. Kula namung kepengen mimik kok. Pareng nggih bu?”
“ Ora suwe kok nduk. Ayo, tak jak ning taman mburi. Ibu arep nduduhke kewan sing aneh!”
 
Ibu banjur ngajak Shira ning taman mburi omah,” coba delengen kupu itu! Endah tho?”
“ Kula ngelak bu… Kupu panci endah sanget, ananging mboten kewan aneh kok bu!”

“Pancen dudu iku kok sing ibu maksud…sik sik…nengndi yo? Ketoke wingi neng sekitar kene kok….”


“Lha, iku lho…Coba deloken, iku sing arane kepompong,” ibu nduding buntelan cilik putih sing nggantung ana godhong. “ Ana uler ning njerone.”
“ Saestu bu? Napa niki griyanipun uler bu?” Shira sajak gumun banget.

“Iya bener, iki pancen omahe. Uler manggon ning sakjerone kepompong udakara rong minggu,” ibu nerangake.
“ Griyo niki mboten wonten lawang lan jendelanipun. Uleripun nembe menapa wonten lebet mriku?
“Uler iku lagi pasa.”
“Wah, ibu gemujeng nggih? Napa uler niku saestu siam bu? Kalih minggu niku lak dangu sanget! ananging kenging napa kok siam?

“Uler pasa amarga kepengen dadi kupu.”
“ Saestu bu?”
“ Bener banget. Nek wis sakwetara dina kowe bakal weruh ana kupu sing endah metu saka kepompong iki.”
“ Ya Allah! Kula mboten pitados. Kula kepengen sanget semerep… kupu medal saking kepompong niki?”

Shira banget kesengsem dening kepompong iki. Deweke lali marang rasa ngelak sing mau dirasakke. Dewekke terus nunggoni kepompong ing taman iku. Jam rolas pas ibu nimbali Shira supaya buka pasane.

“ Mboten kok bu, kula badhe pasa ngantos maghrib. Kula sampun mboten ngelak malih.”
“ Ora papa nduk. Kowe pareng buka saiki amarga kowe lagi latihan pasa,” ibu nerangake.
 
“Mboten kok bu. Kula siam ngantos maghrib,” dewekke kekeh. “ Menawi uler mawon saged pasa ngantos pinten-pinten dinten, kula mesthi kiat pasa ngantos maghrib kados ibu.”
“ Tenan ki? Ya wis.... pancen bocah pinter tenan kok. Ayo saiki sholat dhuhur dhisik!”


Cuthel


No comments:

Post a Comment