Followers

Wednesday, April 3, 2013

Pit Anyar


 Tumbas Pit Anyar
Shira sregep nabung duit sangune. Pas dino ulang tahune deweke kepengen tuku sepeda anyar nganggo duite dewe. Sepedane sing lawas wis keciliken.
            Sesuk iku dino ulang tahune. Deweke mbukak celengane lan ngitung duite. Deweke katon kuciwo, amargo mung duwe Rp. 300.000.
 “Wah duite akeh banget! Kowe duwe duit piro nduk? Lan kenopo kowe katon ora seneng?”
“ Niki artone pancen kathah. Wonten tigangatus ewu….”
 
“Iku cukup kanggo tumbas sepeda anyar tho?”
“Sepeda niku rak modelipun kathah, reginipun inggih benten-benten. Nanging sepeda engkang kula remen reginipun sekawan atus ewu kok.”
“Yowis, tak paringi satus ewu , iki jupuken,” rama ndokokake duwit satus ewu ning mejo.
“Mboten rama! Kulo kepengen tumbas sepeda ngangge arto kulo piyambak.”

“Yo anggep wae…Iki hadiah ulang tahun mu. Dadi iki yo duwitmu dewe to.”
“Kulo gadah ide engkang langkung sae. Rama maringi kulo sangu kangge setunggal wulan. Saben dinten sangu kulo sekawan ewu rupiah. Dadose Rp.4000X30 hari = Rp. 120.000. kados pundi rama?
“Iku ide sing hebat. Yo mesti wae rama setuju, bocah pinter.”
“Maturnuwun.  Rama panci paling saendenging donya.”
“Wah, biasane nek ngene iki ana karepe….”
“Ihh… rama, niku saestu kok. Menopo rama kerso ngrencangi kulo wonten tokonipun om Jono?”
“Yo mesthi rama kerso kanthi seneng nduk. Ayo tak terke saiki. Rama bakal dadi konsultan sing paling apik.”
Shiraa seneng banget, “Ibu…… rama kalian kulo badhe kesah wonten toko om Jono sakniki. Assalammualaikum.”
“Wa’alaikumsalam,ati-ati yo nduk.”
Rama lagi wae mbuka lawang naliko telpon muni.

“Shiraa ono telpon kanggo kowe. Soko Ana.”
“Tenggo sekedap nggih rama,” Shiraa mlayu njawab telpon.
“Assalammualaikum. Hai Ana.”
“Wa’alaikumussalam. Jarene kowe seneng karo sepedaku yo. Opo kuwi bener Shiraa?”

“Yo, iku pancen bener. Malahan aku kepengen tuku sepeda kaya nggonmu. Saiki aku arep tuku ning tokone om Jono karo Rama.”
“Maaf Shira, sejatine aku telpon kowe arep nawakke sepedaku. Maksudku nek kowe gelem tulung sepedaku wae tukuo. Yo pancen ora anyar sih tapi ijik apik kok. Aku kan sregep ngopeni sepedaku.
Shira kaget banget krungu kabar iku.
“Ana, aku ngerti kowe pancen sregep  ngopeni sepedamu. Nanging aku ora ngerti kenopo sepedamu arep di dol. Kowe lak seneng to?
“Aku ngerti kowe mesthi kaget. Tapi aku butuh duwit kanggo….iki masalahe penting banget.”
 “Masalahe opo tho? cobo critakno karo aku.”
“Opo kowe krungu kabar yen ono lindu ning Yogja rong ndino kepungkur? Paklik ku daleme Bantul. Omahe rusak. Indra sepupuku ketaton ing sirah lan gegere. Saiki jik ning rumah sakit.”


“Oh, aku melu belosungkowo yo.”
“Keluargaku arep tilik keluarga paklik awan iki. Tak pikir aku kudu mbantu. Nek kowe gelem tuku sepedaku aku lak duwe duwit kanggo….”
“Sepedamu regane piro Ana?”
“Terserah kowe. Iku kan dudu sepeda anyar.”
  
“Aku nduwe telung atus ewu saka celenganku lan satus ewu saka rama, piye?”
“Ojo, iku kakehan. Kei aku rongatus seket ewu wae. Saiki sepedaku tak gawa neng omahmu yo. Matur nuwun yo Shira, kowe apikan karo aku.”
“Yowis tak tunggu yo.”

           Udakara  limang menitan, Ana teko numpak sepedane. Sepedane pancen ijik apik tenan. Malah katon ijik anyar.
“Iki patang atus ewu rupiah kanggo sepedamu An.”
“Ojo Shira. Iku kakehan. Sepedaku tukunen rongatus seket ewu wae.” 
“Yowis sepedamu tak tuku rongatus skeet ewu, trus iki satus skeet ewu kanggo sepupumu Indra.”
Ana banjur nangis lan nyikep Shira.” Matur nuwun Shiraa. Kowe pancen sahabatku.”

“Aku seneng bisa mbantu awakmu. Titip salam kanggo Indra. Mugo-mugo cepet waras.”
“Maturnuwun yo. Aku tak pamit saiki wae. Akeh sing kudu tak siapke.
  
“Titip salam kagem keluargamu kabeh yo. Kito ugo melu belo sungkowo. Lan iki ono duwit sithik saka kito sakeluargo.” Rama lan ibu maringi amplop putih kanggo Ana.
Ana ora biso ngomong. Luh mili saka mripate kaya kali kang mili ning pipine.” luwih becik kowe ndang mulih lan siap-siap. Ayo tak terke numpak sepedaku sing anyar.” Ana mung manthuk.
“Matur sembah nuwun nggih paklik lan bulik, Assalammualaikum.”
“Wa’alaikumussalam. Ati-ati yo!”

THE END
SELESAI

No comments:

Post a Comment